2013/02/22

Geguritan


NALIKA WENGI TUMEKA

Jembaring ati
Amarga…
Endahing Bumi
Nalika wengi tumeka maneh
Anggawa suasana ingkang tentrem
Hawa anyes semilir-semilir
Bintang ana ing ngendi-ngendi
Ing langit wengi kang endah
Nalika suasana ingkang sepi
Tanpa swara
Ing jagat wengi iku
Hawa-hawa ingkang njembarake pikiran,
Ati lan katresnan
Sumribit angin wengi
Ana ing ngendi-ngendi
Nambah suasana
Ananging wengi iku
Tanpa sinar wulan
Ingkang gawe padang wengi
Raga iki nyawang jagat wengi iku
Ora ana maning suasana
Dina ingkang rame maning
Ing wengi iku
Yen disawang
Anane…
Hawa kang ayem lan tentrem